Foreign Languages Training gadhah mapinten-pinten program kerja, sambet rapetipun kalihan namanipun sampun tamtu bilih program kerja ingkang dipuntindakaken inggih punika gayutipun kalihan bab basa. Salah sawijining program kerja ingkang kedah dipuntanggeljawabi dening department FOLT inggih punika Pelatihan Bahasa Asing saha kula piyambak ingkang kadhapuk minangka pangarsanipun wonten taun 2019 punika.
Pelatihan Bahasa Asing limrahipun winastan Pelba (wujud cekakan saking Pelatihan Bahasa Asing). Program punika sampun tamtu wonten saben taunipun amargi sampun dados program wajib taunanipun UKM “SAFEL”. Program punika sejatosipun meh sami kadosta bimbingan belajar Bahasa sanesipun. Lajeng basa-basa ingkang dipuntawekkaken saking FOLT punika wonten basa Jerman, basa Prancis, basa Cina, basa Jepang, basa Korea, saha Basa Inggris. Sadaya basa ingkang badhe dipunsinaoni wonten program punika wiwit dhasar-dhasaripun rumiyin, punika jumbuhaken kalihan pasarta amargi wonten kemawon pasarta ingkang dereng mangretos salah satunggaling basa ingkang dipunpendhet babar blas. Ananging kangge basa Inggris, Pelatihan Bahasa Asing maringi kalih kelas ingkang saged dipunpilih piyambak dening pasarta kelas nalika daftar, inggih punika saged milih Basic utawi Intermediate.
Awit saking mawarni-warninipun basa wonten Pelatihan Bahasa Asing, para pasarta saged milih piyambak basa punapa ingkang badhe dipun sinaoni, punikat tamtu kedah dipunjumbuhaken kalihan jadwal kuliahipun. Dinten senen wonten basa Jepang saha basa Korea; selasa wonten basa Jerman, basa Inggris, saha basa Prancis; rebo wonten basa Jepang, basa Cina saha basa Inggris ingkang Basic; kemis wonten basa Jerman saha Basa Prancis; lajeng ingkang pungkasan dinten jumuwah kangge basa Korea, basa Cina, saha basa Inggris ingkang Intermediate. Papanipun wonten Gedung Kuliah1 W.S. Rendra lantai 3, ruanganipun wonten nomer 4, 5, 9, saha 15 ingkang saben minggunipun dipunemutaken dening panitia. Kelas bahasa punika kalampahan wiwit tabuh setengah sakawan sonten ngantos tabuh gangsal sonten. Limrahipun kalampahan udakawis kalih wulan dangunipun, wonten sakawan welas pepanggihan saha kalih ujian kangge Mid Test saha Post Test. Wonten tahun 2019 punika, Pelba kalampahan wiwit tanggal 14 Oktober ngantos 29 November 2019.
Pinten anggenipun mbayar supados saged ndherek kelas punika gumantung pasartanipun, kangge pasarta ingkang sasanesipun mahasiswa UNY kedah mbayar 90.000. Kangge mahasiswa UNY punika 80.000, kangge mahasiswa UNY ingkang ndherek UKM SAFEL punika 40.000, lajeng kangge pengurus UKM SAFEL punika 25.000. Boten namung cekap punika kemawon, wonten Cashback tigang dasa persen kangge pasarta ingkang sampun ndherek kelas minimal kedah 12 pepanggihan, saha ndherek ujian. Mangga kangge sinten kemawon ingkang badhe ndherek Pelatihan Bahasa Asing punika mangke tahun 2020 udakawis wulan September pungkasan saged lajeng dhaftar kemawon.
Bok bilih namung semanten sakedhik andharan babagan Pelatihan Bahasa Asing, manawi wonten ingkang badhe dipunsuwunaken pirsa manga lajeng kemawon dhateng ruang sekretariat UKM Bahasa Asing SAFEL wonten gedhung Student Center Lantai 2 sisih Wetan.
Author: Aldi